Geger suasna ing pasewakan agung kairing tekane manungsa Laknat kanthi tanpa rasa kurmat saipit-ipita, Dursasana nyeret wanodya sulistya ing satengahing dhampar pasewakan. Wengi kang Laknat sak laknat-laknate iblis kang ana ing donya.
“Hahahahahaha… gage ndang wuda a mblejet he Drupadi cah ayu, aku wis ora sabar nyawang endahing blegermu sing tanpa busana, Hahahahaaha…” Soraking Dursasana saya manjila-jila ing saeindhenging dhampar kedhaton.
“Galo.. sawangen kae, dhapurane bojomu Yudhistira, ora ana ambune babar blas..!!!!, Apa jeneng bojo sing kaya mengkono, apa jeneng bojo sing nglilake bojone kanggo sawenenhing botohan main dadu, kowe saiki wis dadi hak e kurawa satus heh Drupadi…Hahahahahaha!!!” Sak rosane Sang Dursasana narik kembene sang Dewi Drupadi.
Rasa kajuwing-juwing ing batin kang rinasa dening Drupadi. Arep diselehke menyang endi praupane dene atase ratu Agung sulistya ing warna sisnisihan Narpati kang dudu sabaene Narpati, nek di pulasara kaya mengkene ora mung raga apa maneh batin kang kasiksa.
“Apa salahku, apa salahku?… tumindak apa saengga aku ngalami nasib kaya mengkene duh Gusti dene nganti Kakang Puntadewa biso-bisane ndadekake aku barang kanggo botohan,aku iki bojomu kakang Puntadewa…!!!” jeriting batin Dewi Drupadi
“Ora kurang-kurang anggonku bekti marang sliramu, ora mung ragaku jiwaku,sakabehing wis tak lilake, saumpama siji=sijining nyawa sing dak darbeni iki mbok jaluk, tak ulungna, saksuwening iku ing dalan kanggo anempuhi darmamu, ananing iki wus banget nerak kasusilan tumindakmu iki Kakang, kowe sak penake dhewe tanpa kandha lan suwala mring aku, aku iki mbok padhake apamu kakang…”
“Delengen iki kakang Puntadewa, aja mung ndhingkluk kaya jejering patung ….., delengen aku sing kudu nanggung aib kang ina dina iki, endi janji prasetyamu sing mbok kandhake biyen marang aku…,buktekna, nyawang aku wae kowe ora kakang …Duh kakang Puntadewa sing dak tresnani… ”
“Permadi, endi kaprawiranmu? Apa mung samene kasektenmu, lungguh layu lungset tanpa daya ora beda karo Yudhistira kakangmu, endi panahmu sing jare bisa gawe gegering donya kadewatan, endi…??gage penthangen gandhiwa mu kanggo mbrastha menungsa-menungsa laknat iki… Permadi sawangen aku Permadi aja mung … oalah.. kaya mengkene thok ta..Permadi..Permadi..”
“Duh Nakula lan Sadewa, apa kowe tega nyawang Kakang Mbokmu kaya mengkene tulungana aku Duh..Nakula…tulungana aku duh Sadewa…iki wis ngluwihi watesku saatasing aku Prameswari ing Indraprastha….”
“wrekudara sawangen tetesing eluhku iki he werkudara,sawangen kakang Mbokmu rasakna rasaning atiku, janjia, sumpaha yen kowe bakal malesake ukum marang menungsa laknat sitok iki rungokna jeriting atiku… Adhi Werkudara…Ati iki durung marem yen rikmaku iki durung kabilas dening abanging getihe menungsa laknat iki Werkudara…. entenana piwalesku Dursasana!!!”
“Duh gusti Kang murbeng dumadi, kula anyeyuwun welasing Gusti Kang Maha Kuwasa mugi kekiyatan tansah angamping-apingi kawula saking durjananing lan laknating Dursasana….”
Tangising lan jeriting drupadi wis ora di rewes dening Dursasana maneh. Dursasana terus nyoba narik kemebene Drupadi sak kuwate tenagane anaging sak kuwat-kuwate dursasana isih kuwat Gusti Kang Kuwasa kang ngejawantah ing Janaloka iki.
Saka kadohan katon Sri Kresna ngrapal mantra saengga kembene sang Drupadi ora bakal nyingkap lan tetep njaga kahormatane sang Drupadi saka tingkahe Dursasana.
Swasana saya tintrim kanggone Pandhawa, ananging suka lan cita kanggone duryudana lan Kurawane.